Contoh Geguritan Tema Alam

Contoh Geguritan Tema Alam

1. (MERAPI)
(Puthu Aryana)

Merapi…
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Hyang Bagaskara

Merapi…
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Wiwit jaman Mataram Kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta

Merapi…
Sliramu anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Soeharto
Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi

2. “ENDAHE ALAM”

Yen mandheng alam iki ..
Pikiran susah dadi endah
Anggugah semangat urip kangge jiwa iki
Ati pun dadi sumringah lan bungah
Yen ndeleng uwit ijo royo-royo
Awujud ciptaan sing kuasa

Lan kesucian sinar surya
Kanggo padhange dunya iki
Puji syukur matur nang Gusti Allah
Marang kaendahan isine ing bumi
Sing kudu dijaga lestariane
Tanpa ngilangake kaendahane

3. “ALAM”
(Triana Kusuma Dewi )

Wis dipenging awakmu
Geguyub rukun lindungi alam
Saka Hyang Maha Esa

Aja susah yen mengko alam iku muntab
Ngerebut raja kaya
Serta jiwa ragamu

Wis dipenging awakmu
Manut karo tata tertib
Sing wis ditemtoake

Sadirma ngrawat lan nata penghijauan
Ya, nanging angel mantebake jroning ati
Yen asis ngono apa banjur meneng lan terus acuh?
Apa ora sadar alam bakal rusak?

Apa ora seneng awakmu nyawang wit-witan
Ngrembuyung ngresepake mata?
Apa ora bungah atimu nyawang kembang ngrembaka?

Mung kita sing bisa
Ngubah iki
Ngrubah alam mbalik kaya mbiyen maneh

2 Comments

  1. fio kancil October 16, 2017
  2. Keisya January 18, 2022

Leave a Reply to fio kancil Cancel reply

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.