Contoh Geguritan Tema Ibu

Geguritan ibu

1. “Ibu”

Ibu
anakmu kang dak wanti wanti
Kang dak kawatirake
Kak kok titipake ana pawiyatan luhur iki

Iki anakmu
Kang durung isa nyenengke ibu
Kang durung bisa nyenengke keluarga
Kang isih dadi tanggunganmu ibu

Nanging ibu
Anakmu iki bakal banggakke ibu
Banggakke keluarga kabeh
Anakmu rak bakal nyerah bu

Kanggo nyekel lintang ana langit
Kang kadhang ditutup mendhung
Kang kadhang mripat wae wis ora bisa weruh
Nanging anakmu iki janji ibu

2. “IBU”

Tresna asih ibu
Ora ana kang bisa ngganteke
Kesabaran ibu kang kebak wutuh
Ora bisa daklaleke

Do’a ibu kang tulus
tansah ngiringi awakku
pengorbanane kang tanpa wates
ora bisa winales

Ibu . . .
pituturmu bakal dakrungu
tresna asihmu marang aku
ora bakal puput
Pandongaku ibu…
Muga Gusti tansah nyembadani

3. “IBU”

Ibu …
lumintiring asihmu,kadya cahya lintang ing angkasa,gumebyar gawe padhanging tyasmu…
Tan kendhat pudyamu,pepujimu kanggo aku
Lir pradipta rumeksa ing wengi,rinenggo pupus’ing rembulan

Ibu
Kang kinasih …sih kawelasan’mu nyirna’ake sadhaya luptaku,luputku marang laku kadarman kang pinerak

Ibu…
Sewu atur ora bakal cukup,bandha donya ora bakal nutup,katresnan’mu marang aku

Ibu…
Aku bakal sregep lelaku,ngudi laku utomo,nyebar tresna marang sapadha,kanggo esem’mu kang ngebaki kalbuku

3. “IBUKU”

Ibuku

ibu….
panjengengan kang nglaherno aku
ngramut aku
teko cilik nganti sak iki

ibu……
nadyan ta aku nakal
jiwamu tetep sabar
lan sayang marang aku

ibu…..
sayangmu ora ono tandinganne
ora kenek dikalahno

4. “IBU”

IBU
dening Yossanti

Tresna asih ibu
Ora ana kang bisa ngganteke
Kesabaran ibu kang kebak wutuh
Ora bisa daklaleke

Do’a ibu kang tulus
tansah ngiringi awakku
pengorbanane kang tanpa wates
ora bisa winales

Ibu . . .
pituturmu bakal dakrungu
tresna asihmu marang aku
ora bakal puput
Pandongaku ibu…
Muga Gusti tansah nyembadani

5. “ANGGERKU”

Ngger..
Biyung nyuwun ngapura
Ora bisa dadi biyung kang sampurna
Ora bisa nglegakne atimu
Ngger..
Uripku kebak kaluputan
Ngiwa luput, nengen luput
Rumangsaku aku wis manut
Bangun turut karo sing jare winasis
Nanging nyatane isih tetep luput lan diluputne
Lara atine biyung, ngger
Kepengin crita wae,
Ora enek sing gelem krungu
Apa maneh sambat, mung arep digeguyu
Kabeh ki nyatane ngapusi
Kabeh wis ora percaya karo biyung
Nanging biyung isih tetep percaya, ngger
Mung siji sing ora bakal ngapusi
Gusti Kang Maha Agung

Leave a Reply

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.