1. “RAWA PENING”
(Fanny Kartika Fajriyani)
Ngadeg jejeg ing tepining rawa
Suara endah angin krungu ana tainganku
Mecah kasunyian desa tepi rawa
angin kang sumilir
ana ing anatarane godhong-godhong
srenginge abang mbranang
saka kulon katon nyenengake
Nganti tibaning langit peteng
Angin ing kampungku sore iki
Prau-prau nelayan setya nunggoni tekane
diombang-ambingke ombak rawa
prau nelayan nggolek iwak ing padhanging rembulan
Praune katon katiup angin
Nanging nelayan kuwi ora wedi
amarga angin ombak dadi kancane saben dina
Petenge Wengi kang wis sepi nyeyet
Mbulan katon mlaku saka ngetan ke ngulon
Padhang mbulan madangi pelataran
Lintang-lintang katon gumebyar
kang ora kapetung driji
Madhangi Jagat kang uwis sepi
2. “KITIR”
(Sumono Sandy Asmon)
Kitir iki
Isi panantangku marang wengi
Sing kebacut anggone nguja sepi
Dolanan swarane asu baung nggeririsi
Kitir iki
Wujud pangundhamanaku marang awang-awang
Sing kebacut brangasan
Ngrentengi lintang, nguntal rembulan
Kitir iki
Srana gugatku marang isen-isening jagad
Sing pijer royokan brekat
Tan keguh njaluk ruwat
3. “WIT-WITAN PINGGIR DALAN”
Aku mlaku, nanging mripatku nyawang sliramu
Aku mandheg, sliramu malah ngguya-ngguyu
Saya edhum…
Saya seger lan ngresepake ati….
Nalika ngaso, sliramu sing dak ampiri
Nalika kesel, sliramu sing dak gawe sambat
Pang-pangmu bisa gawe sendhenan
Godhongmu sing ngrembuyung kaya dadi payung alam
Ngresep panas sing teka..
Ngalangi udan sing moro..
Nanging atiku nangis..
Nyawang sliramu sing wis ilang dadi bangunan
Got padha mudhal yen udane deres
Nanging lemahe padha nela yen udane ora teka
Ora ana maneh sing nyerep panase sang surya
Ora ana meneh sing ngalangi derese udan
Lan,
Ora ana maneh panggon iyupan sing biasane dak ampiri
Saiki…
Dak terusake lakuku
Nalika tak sawang bangunan iku,
Aku kelingan marang sliramu…
Oh…
Wit-witan pinggir dalan…
Dak enteni bibit penerusmu…
4. “BUMIKU”
Kabentang indahe bumiku
Tan katon ijo royo-royo
Para kewan pada manut mring ndarane
Ana ing sawah anggarap siti
Nanging, saiki ora koyo mbiyen
Nanging, saiki bumiku wis rusak
Koyo-koyo wis ora ana ijo-ijoan meneh
Karono ulahe manungsa
Leno marang wektu
Lan nglirwakake kewajiban
Marang gusti,
Sing akaryo jagad
5. “ALAM”
Ati sing lara dadi waras
Yen ndeleng apike alam iki
Pikiran sing lesu dadi tuntas
Ndeleng ciptan sing Kuasa
Matur syukur marang Gusti
Sing wis nyiptake bumi iki
Lan saisine
Kita kudu ngrawat alam iki
Marang dunya kang luwih apik
terima kasih ^^
Sama-sama 🙂
Very Goods Geguritan’s
Bagus
Makasih ya
Geguritan Judule “tanduran ing lingkunganmu”
Bagus bngt ini tasya
Suwun
Kulo ijing ngambil sing noner 2
Silahkan mas 🙂